Rabu, 22 Januari 2020

Pawarta

Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kabutuhan kang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Manawa dideleng saka saranane, Ana pawarta kang nggunakake medhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik. Kang nggunakake medhia cithak upamane, ariwarti utawa koran, kalawarti utawa majalah, buletin, lan sapanunggale. Dewe kang nggunakake medhia elektronik bisa katemokake ing radhio (media audio), televisi (media audio-visual), lan internet (media sosial). 
A. Nanggapi Pokok-Pokok Isine Teks Pawarta
   Supaya bisa nanggapi utawa menehi panemu gegayutan karo pawarta kang diwaca, prayogane para siswa ngreti ragangan utawa struktur pawarta. Umume, teks pawarta iku dumadi saka 4 (patang) perangan kang baku, yaiku headline, dateline, lead, lan blegere pawarta.
   Irah- irahane pawarta utawa ringkesane lead biasane diarani headline, gunane kanggo narik kawigatane pamaca, isine mujudake ringkesan saka sakabehe isi pawarta kang ditulis ([1]). Dateline isine papan lan wektu kedadeyan utawa jenenge layang kabar lan papan kedadeyane ([2]). Lead utawa emperane pawarta, isine ringkesane pawarta, gunane kanggo mbantu pamaca nemokake pokok isine pawarta ([3]). Bleger iku bukti lan dhata kang disuguhake ing lead mau ([4]). 
B. Nulis Teks Pawarta kanthi Ragam Basa Kontekstual
    Jlentrehe pawarta kang wujude fakta, dhata, lan bukti-bukti liyane iku papane ana ing perangan bleger. Cara anggone penulis nyuguhake bleger adhakane modhel piramida utawa kronologis utawa piramida kuwalik utawa uga black paragraph
    Modhel piramida iku yen anggone ngandharake pawarta diwiwiti saka bab kang ora pati penting nuju marang kang penting dhewe. Dene yen pawarta dijlentrehake saka perangan kang penting dhewe lagi katrangan-katrangan kang ora pati penting, iku tegese nggunakake modhel piramida kuwalik. Modhel kronologis cara ngandharake pawarta kang njlentrehake kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi urut lan genep. Dene modhel black paragraph ora mentingake perangan siji lan ngenthengake perangan liyane. Ing kene, kabeh perangan dianggep padha pentinge. 
C. Maca Teks Pawarta kanthi Nyuwara
         Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi: secara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba prekara telu mau ketambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).
    Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas yaiku yen ing basa Indonesia diarani Tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komahe anggone maca. 

 
 
 
 
 
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

Jumat, 17 Januari 2020

CERKAK
Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung merga wujude kang cerkak (2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae. Crita cekak umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paraga dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau, paraga kang dicritakake ing kono uga pirang-pirang (ora mung siji).

Unsur intrinsik cerkak :
v       1.  Tema, yaiku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik
v       2.  Paraga lan penokohan, yaiku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake
v      3.   Plot, yaiku gegayutan karo kepiye lakune crita
v       4.   Latar, yaiku gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadean ana ngendi lan kapan kelakone
v       5.  Sudut pandang, yaiku kalungguhane pangripta sajroning crita
v       6. Amanat, yaiku gagasane pangripta kang diajap bias ditemokake dening para kang maca

Cuplikan crita cekak :
“Wektu kuwi aku lagi munggah kelas lima. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi beda karo kanca-kancaku sing lawas. Dheweke nduwe ciri, sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering,lan rambute aring-aring, meh gundul, jenenge Andri.  Ing dina sepisan mlebu iku, Bu Guru ndhawuhi supaya saben siswa ngenalake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas. Tekan gilirane bocah anyar mau, kanca-kancaku sakelas padha ngguyu cekakakan. Bu Puji, guruku rada duka amarga kanca-kancaku sajake ngina marang Andri”




Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas X SMA/SMK/MA