Kamis, 13 Februari 2020

Pitutur Luhur ing Crita Wayang

Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.


A. Maca lan nanggapi teks wayang


Dewi Kunthi

Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.

(crita bacute bisa kowaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 92-94)


Shinta Kadhusta

Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet

katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica

hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

(crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa jowa, kaca 95-96)


B. Nemokake tuntunan ing teks wayang


Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawar urip ayem tentrem nengenake paseduluran.
Dene tuntunan ing teks wayang Sinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemia janji, sarta setya.


C. Mbedhah perangane teks wayang


Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga Sinta.


D. Nulis Sinopsis Wayang


Urut-urutane nulis sinopsis

1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis.

2. Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.

3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.

4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.


5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.


Cekap sementen, mbok bilih wonten salah, kula nyuwun agunge pangapunten, MATURNUWUN.



Sumber: Gegaran Nyimak Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA.

Rabu, 12 Februari 2020

Katresnan Kang Sejati


A. Crita rakyat

Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing
masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita
rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.
Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane
prastawa ing crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca. Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

Titikane crita rakyat
a. Panyebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradhisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing
nganggit)
e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane
gon

Mupangate crita rakyat yaiku:
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan
kang ana ing sajroning crita.
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa
mangerteni moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo
para kang maca.

Unsur Crita Rakyat
Crita rakyat nduweni unsur-unsur intrinsik, kayata:
a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,
papan panggonan lan sosial budaya.
c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita, Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri
isike, lingkungane, lan sapanunggale.
d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
f. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.

Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha,
lan dongeng.
a. Mitos
Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara
utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
b. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan
arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang,
Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
c. Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun,
Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.

B. Sinopsis

Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe, Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
a. Tema : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar  : papan lan wektu dumadine prastawa
c. Alur    : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.

Cekap sementen ingkang bisa kula aturaken, mbok bilih wonten salah kula njaluk pangapunten.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMKMA

Senin, 10 Februari 2020

GANDHOS
 
Hasil gambar untuk gandhos
                Kebumen iku salah sawijining daerah ingkang nduweni panganan tradisional kang werna- werna jenise lan enak rasane. Ana sing bahane saka budin, beras, ketan, lan liya- liyane. Cara masake uga werna- werna, ana sing digoreng, digodhog, dipe, didang lan liyane. Panganan tradisional ing kebumen iku akeh banget. Ana gandhos , lapis, sengkulun, lemper, combro, golak, arem- arem, weku, galundeng, onde- onde, cucur, lan isih akeh maning.
                Jaman saiki panganan- panganan tradhisisonal kaya kuwi wis langka ditemokake, malah bocah-  bocah jaman saiki ana sing ora ngerti wujude uga rasane. Jaman saiki wis akeh panganan- panganan instan utawa cepet saji. Warung- warung saiki uga akeh sing adol panganan kaya kuwi tinimbang pangaan tradisional. Panganan tradisional iku bisa ditemokakake ana ing desa- desa, biyasane uga ana ing acara adat daerah.
                Salah sawijining panganan tradisional sing ana ing daerah Kebumenyaiku gandhos. Gandhos iku kalebu panganan sing cara masake digoreng. Gandhos nduweni rasa sing khas merga digawe saka campuran glepung beras lan parutan krambil. Gandhos saiki wis arang didol ana ing warung- warung utawa pasar, tapi biyasane digawe ana ing omah kanggo panganan cilik. Saiki tapi wis arang omah kang gawe gandhos kanggo panganan.
                Bahan- bahan kang digunalkake kanggo gawe gandhos yaiku glepung beras, parutan krambil lan wedang panas sacukupe. Cara gawene gampang , pertama campur glepung beras karo wedang panas sacukupe, terus wenehi parutan krambil lan uyah. Campur nganti rata. Yen adonan kuwi wis rata banjur digoreng. Salanjute yen wernane wis rada coklat banjur dientas. Wujude yaiku mblondo gepeng.
                Biyasane gandhos kuwi dimaem yen tsih anget, merga gandhos yen tesih anget kuwi rasane enak. Jarenen wong jaman mbiyen maem gandhos sing isih anget karo adem kuwi rasane beda.
 
 
 
 
 
 
Sumber : https://brainofayn.blogspot.com/2016/04/contoh-deskripsi-makanan-tradisional_24.html

Rabu, 22 Januari 2020

Pawarta

Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kabutuhan kang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Manawa dideleng saka saranane, Ana pawarta kang nggunakake medhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik. Kang nggunakake medhia cithak upamane, ariwarti utawa koran, kalawarti utawa majalah, buletin, lan sapanunggale. Dewe kang nggunakake medhia elektronik bisa katemokake ing radhio (media audio), televisi (media audio-visual), lan internet (media sosial). 
A. Nanggapi Pokok-Pokok Isine Teks Pawarta
   Supaya bisa nanggapi utawa menehi panemu gegayutan karo pawarta kang diwaca, prayogane para siswa ngreti ragangan utawa struktur pawarta. Umume, teks pawarta iku dumadi saka 4 (patang) perangan kang baku, yaiku headline, dateline, lead, lan blegere pawarta.
   Irah- irahane pawarta utawa ringkesane lead biasane diarani headline, gunane kanggo narik kawigatane pamaca, isine mujudake ringkesan saka sakabehe isi pawarta kang ditulis ([1]). Dateline isine papan lan wektu kedadeyan utawa jenenge layang kabar lan papan kedadeyane ([2]). Lead utawa emperane pawarta, isine ringkesane pawarta, gunane kanggo mbantu pamaca nemokake pokok isine pawarta ([3]). Bleger iku bukti lan dhata kang disuguhake ing lead mau ([4]). 
B. Nulis Teks Pawarta kanthi Ragam Basa Kontekstual
    Jlentrehe pawarta kang wujude fakta, dhata, lan bukti-bukti liyane iku papane ana ing perangan bleger. Cara anggone penulis nyuguhake bleger adhakane modhel piramida utawa kronologis utawa piramida kuwalik utawa uga black paragraph
    Modhel piramida iku yen anggone ngandharake pawarta diwiwiti saka bab kang ora pati penting nuju marang kang penting dhewe. Dene yen pawarta dijlentrehake saka perangan kang penting dhewe lagi katrangan-katrangan kang ora pati penting, iku tegese nggunakake modhel piramida kuwalik. Modhel kronologis cara ngandharake pawarta kang njlentrehake kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi urut lan genep. Dene modhel black paragraph ora mentingake perangan siji lan ngenthengake perangan liyane. Ing kene, kabeh perangan dianggep padha pentinge. 
C. Maca Teks Pawarta kanthi Nyuwara
         Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi: secara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba prekara telu mau ketambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).
    Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas yaiku yen ing basa Indonesia diarani Tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komahe anggone maca. 

 
 
 
 
 
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

Jumat, 17 Januari 2020

CERKAK
Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung merga wujude kang cerkak (2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae. Crita cekak umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paraga dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau, paraga kang dicritakake ing kono uga pirang-pirang (ora mung siji).

Unsur intrinsik cerkak :
v       1.  Tema, yaiku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik
v       2.  Paraga lan penokohan, yaiku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake
v      3.   Plot, yaiku gegayutan karo kepiye lakune crita
v       4.   Latar, yaiku gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadean ana ngendi lan kapan kelakone
v       5.  Sudut pandang, yaiku kalungguhane pangripta sajroning crita
v       6. Amanat, yaiku gagasane pangripta kang diajap bias ditemokake dening para kang maca

Cuplikan crita cekak :
“Wektu kuwi aku lagi munggah kelas lima. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi beda karo kanca-kancaku sing lawas. Dheweke nduwe ciri, sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering,lan rambute aring-aring, meh gundul, jenenge Andri.  Ing dina sepisan mlebu iku, Bu Guru ndhawuhi supaya saben siswa ngenalake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas. Tekan gilirane bocah anyar mau, kanca-kancaku sakelas padha ngguyu cekakakan. Bu Puji, guruku rada duka amarga kanca-kancaku sajake ngina marang Andri”




Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas X SMA/SMK/MA