GANDHOS
Kebumen
iku salah sawijining daerah ingkang nduweni panganan tradisional kang werna-
werna jenise lan enak rasane. Ana sing bahane saka budin, beras, ketan, lan
liya- liyane. Cara masake uga werna- werna, ana sing digoreng, digodhog, dipe,
didang lan liyane. Panganan tradisional ing kebumen iku akeh banget. Ana gandhos
, lapis, sengkulun, lemper, combro, golak, arem- arem, weku, galundeng, onde-
onde, cucur, lan isih akeh maning.
Jaman saiki panganan- panganan tradhisisonal kaya kuwi wis langka ditemokake, malah bocah- bocah jaman saiki ana sing ora ngerti wujude uga rasane. Jaman saiki wis akeh panganan- panganan instan utawa cepet saji. Warung- warung saiki uga akeh sing adol panganan kaya kuwi tinimbang pangaan tradisional. Panganan tradisional iku bisa ditemokakake ana ing desa- desa, biyasane uga ana ing acara adat daerah.
Salah sawijining panganan tradisional sing ana ing daerah Kebumenyaiku gandhos. Gandhos iku kalebu panganan sing cara masake digoreng. Gandhos nduweni rasa sing khas merga digawe saka campuran glepung beras lan parutan krambil. Gandhos saiki wis arang didol ana ing warung- warung utawa pasar, tapi biyasane digawe ana ing omah kanggo panganan cilik. Saiki tapi wis arang omah kang gawe gandhos kanggo panganan.
Bahan- bahan kang digunalkake kanggo gawe gandhos yaiku glepung beras, parutan krambil lan wedang panas sacukupe. Cara gawene gampang , pertama campur glepung beras karo wedang panas sacukupe, terus wenehi parutan krambil lan uyah. Campur nganti rata. Yen adonan kuwi wis rata banjur digoreng. Salanjute yen wernane wis rada coklat banjur dientas. Wujude yaiku mblondo gepeng.
Biyasane gandhos kuwi dimaem yen tsih anget, merga gandhos yen tesih anget kuwi rasane enak. Jarenen wong jaman mbiyen maem gandhos sing isih anget karo adem kuwi rasane beda.

Sumber : https://brainofayn.blogspot.com/2016/04/contoh-deskripsi-makanan-tradisional_24.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar