CERKAK
Cerkak iku cekakan saka crita
cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung merga wujude
kang cerkak (2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume
wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae. Crita cekak
umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi
dening paraga-paraga dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau, paraga kang
dicritakake ing kono uga pirang-pirang (ora mung siji).
Unsur intrinsik cerkak :
v 1. Tema,
yaiku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik
v 2. Paraga
lan penokohan, yaiku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku
genep karo watake
v 3. Plot,
yaiku gegayutan karo kepiye lakune crita
v 4. Latar,
yaiku gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadean ana ngendi lan kapan
kelakone
v 5. Sudut
pandang, yaiku kalungguhane pangripta sajroning crita
v 6. Amanat,
yaiku gagasane pangripta kang diajap bias ditemokake dening para kang maca
Cuplikan crita cekak :
“Wektu kuwi aku lagi munggah kelas
lima. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging
murid anyar kuwi beda karo kanca-kancaku sing lawas. Dheweke nduwe ciri, sikile
sengkleh siji sing tengen, awake gering,lan rambute aring-aring, meh gundul,
jenenge Andri. Ing dina sepisan mlebu iku,
Bu Guru ndhawuhi supaya saben siswa ngenalake awake dhewe-dhewe ing ngarep
kelas. Tekan gilirane bocah anyar mau, kanca-kancaku sakelas padha ngguyu
cekakakan. Bu Puji, guruku rada duka amarga kanca-kancaku sajake ngina marang
Andri”
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas X SMA/SMK/MA
Suwun infone
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusMantap
BalasHapusMantap
BalasHapus😃
BalasHapus😃
BalasHapusMaturnuwun, sangat bermanfaat
BalasHapus