Pawarta
Ing
jaman informasi iki, pawarta dadi kabutuhan kang ora bisa diendhani
dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni
dening wong liya utawa wong akeh. Manawa dideleng saka saranane, Ana
pawarta kang nggunakake medhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia
elektronik. Kang nggunakake medhia cithak upamane, ariwarti utawa
koran, kalawarti utawa majalah, buletin, lan sapanunggale. Dewe kang
nggunakake medhia elektronik bisa katemokake ing radhio (media audio),
televisi (media audio-visual), lan internet (media sosial).
A. Nanggapi Pokok-Pokok Isine Teks Pawarta
Supaya bisa nanggapi utawa menehi panemu gegayutan karo pawarta kang
diwaca, prayogane para siswa ngreti ragangan utawa struktur pawarta.
Umume, teks pawarta iku dumadi saka 4 (patang) perangan kang baku, yaiku
headline, dateline, lead, lan blegere pawarta.
Irah- irahane pawarta utawa ringkesane lead biasane diarani headline,
gunane kanggo narik kawigatane pamaca, isine mujudake ringkesan saka
sakabehe isi pawarta kang ditulis ([1]). Dateline isine papan lan wektu
kedadeyan utawa jenenge layang kabar lan papan kedadeyane ([2]). Lead
utawa emperane pawarta, isine ringkesane pawarta, gunane kanggo mbantu
pamaca nemokake pokok isine pawarta ([3]). Bleger iku bukti lan dhata
kang disuguhake ing lead mau ([4]).
B. Nulis Teks Pawarta kanthi Ragam Basa Kontekstual
Jlentrehe pawarta kang wujude fakta, dhata, lan bukti-bukti liyane iku
papane ana ing perangan bleger. Cara anggone penulis nyuguhake bleger
adhakane modhel piramida utawa kronologis utawa piramida kuwalik utawa
uga black paragraph
Modhel piramida iku yen anggone ngandharake pawarta diwiwiti saka bab
kang ora pati penting nuju marang kang penting dhewe. Dene yen pawarta
dijlentrehake saka perangan kang penting dhewe lagi katrangan-katrangan
kang ora pati penting, iku tegese nggunakake modhel piramida kuwalik.
Modhel kronologis cara ngandharake pawarta kang njlentrehake kedadeyan
saka wiwitan nganti pungkasan kanthi urut lan genep. Dene modhel black
paragraph ora mentingake perangan siji lan ngenthengake perangan liyane.
Ing kene, kabeh perangan dianggep padha pentinge.
C. Maca Teks Pawarta kanthi Nyuwara
Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga
ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca
kudu bisa maca kanthi: secara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal
napas kang pener. Manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake
(kayata ing televisi), kajaba prekara telu mau ketambah pamulad kang
nyumadulur (komunikatif).
Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan
kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha
iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/,
/dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas
yaiku yen ing basa Indonesia diarani Tempo lan penjedaan. Tempo iku
gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan
karo titik utawa komahe anggone maca.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
Matur suwun
BalasHapusMantap2
BalasHapusBagus sangat membantu
BalasHapusMantap sekali
BalasHapus👍
BalasHapusBaguss
BalasHapusMakasih infonya
BalasHapus